Jumat, 23 Februari 2018

Pidato Bahasa Jawa "Perpisahan Guru"

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
            Katur panjenenganipun Bapak kepala [nama sekolah] ingkang satuhu kinurmatan. Bapak ketua komite [nama sekolah] ingkang pinundhi-pundhi. Bapak/Ibu guru saha staff Tata Usaha ingkang tansah kinabekten. Mboten kesupen rencang-rencang kelas 9 tuwin adik-adik kelas 7&8 ingkang tansah kula tresnani.
            Sumangga, kita ngunjukaken raos puja dalah puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun maringi kanikmatan arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten mriki kanthi wilujeng nir ing sambikala.
            Kula, [nama anda] minangka wakil saking siswa-siswi [nama sekolah] badhe ngaturaken sugeng tindak dhumateng [nama guru yang akan pindah] ingkang badhe pindah ayahan dumugi [nama sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah].
            Keparenga kula matur ing mriki sepindah ngaturaken agunging panuwun dhumateng [nama guru yang akan pindah] ingakng sampun nggulawentah kula sak rencang tuwin adik-adik saha sampun maringi ilmu ingkang sanget migunani. Kula sak rencang tuwin adik-adik kelas 7&8 mboten saged nggantos punapa-punapa ingkang sampun [nama guru yang akan pindah] paringaken kangge kula sak rencang tuwin adik-adik.
            Ingkang kaping kalih, kula sak rencang tuwin adik-adik badhe ngaturaken sugeng tindak dhumateng [nama guru yang akan pindah] ingkang badhe pindah ayahan wonten ing [nama sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah]. Mugi-mugi ing [nama sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah] [nama guru yang pindah] dipun paring kerancagan anggenipun maringi imu ingkang bermanfaat lan mugi [nama guru yang pindah] tansah wilujeng saha mulya.
            Salajengipun, kula sak rencang tuwin adik-adik ngrumaosi menawi kathah tata krami kula sakrencang tuwin adik-adik ingkang mboten mranani. Pramila, kula sak rencang tuwin adik-adik nyuwun kamirahan supados [nama guru yang pindah] purun paring pangapunten dhateng kalepatan kita sedaya.
            Mekaten kemawon ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya. Mbok bilih wonten tetembungan lan solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Pungkasaning atur, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

3 komentar:

Geguritan

Kertas kang Ginaris Dening: Ratih Nugrahani Barang kotak sing tak tuku Sing njerone tak hiasi ilmu saka guru Bakal ngancani jan...