Assalamualaikum Warahmatullahi
Wabarakatuh,
Katur
panjenenganipun Bapak kepala [nama sekolah] ingkang satuhu kinurmatan. Bapak
ketua komite [nama sekolah] ingkang pinundhi-pundhi. Bapak/Ibu guru saha staff
Tata Usaha ingkang tansah kinabekten. Mboten kesupen rencang-rencang kelas 9
tuwin adik-adik kelas 7&8 ingkang tansah kula tresnani.
Sumangga,
kita ngunjukaken raos puja dalah puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha
Kuwaos, ingkang sampun maringi kanikmatan arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan
sedaya saged makempal wonten mriki kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Kula,
[nama anda] minangka wakil saking siswa-siswi [nama sekolah] badhe ngaturaken
sugeng tindak dhumateng [nama guru yang akan pindah] ingkang badhe pindah
ayahan dumugi [nama sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah].
Keparenga
kula matur ing mriki sepindah ngaturaken agunging panuwun dhumateng [nama guru
yang akan pindah] ingakng sampun nggulawentah kula sak rencang tuwin adik-adik
saha sampun maringi ilmu ingkang sanget migunani. Kula sak rencang tuwin
adik-adik kelas 7&8 mboten saged nggantos punapa-punapa ingkang sampun
[nama guru yang akan pindah] paringaken kangge kula sak rencang tuwin
adik-adik.
Ingkang
kaping kalih, kula sak rencang tuwin adik-adik badhe ngaturaken sugeng tindak
dhumateng [nama guru yang akan pindah] ingkang badhe pindah ayahan wonten ing
[nama sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah]. Mugi-mugi ing [nama
sekolah yang akan dituju oleh guru yang pindah] [nama guru yang pindah] dipun
paring kerancagan anggenipun maringi imu ingkang bermanfaat lan mugi [nama guru
yang pindah] tansah wilujeng saha mulya.
Salajengipun,
kula sak rencang tuwin adik-adik ngrumaosi menawi kathah tata krami kula
sakrencang tuwin adik-adik ingkang mboten mranani. Pramila, kula sak rencang
tuwin adik-adik nyuwun kamirahan supados [nama guru yang pindah] purun paring
pangapunten dhateng kalepatan kita sedaya.
Mekaten
kemawon ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya. Mbok bilih
wonten tetembungan lan solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Pungkasaning atur, Wassalamualaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh.
terimakasih kak
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapussamasama kaka
BalasHapus