Jumat, 23 Februari 2018

Geguritan

Kertas kang Ginaris
Dening: Ratih Nugrahani


Barang kotak sing tak tuku
Sing njerone tak hiasi ilmu saka guru
Bakal ngancani jangkahku
Kanggo mbanggakke bapak ibu

            Upama tirta kae nglunturake
            Isimu ora bakal tak lalekke
            Matur nuwunku marang sekabehane
            Gelem ngancani aku supaya bisa nandingi cahyane srengenge

Yen kabeh wis tekan wanci
Bakal tak lakoni kanthi ikhlas lan teliti
Tak eling-eling corat-coret kang ora rapi
Kanggo ngraih tujuanku kang kudu tak goceki

2 komentar:

Geguritan

Kertas kang Ginaris Dening: Ratih Nugrahani Barang kotak sing tak tuku Sing njerone tak hiasi ilmu saka guru Bakal ngancani jan...